Rabu, 17 Agustus 2011

Aku Ora Kudu Males (cerkak)


Aku Ora Kudu Males

Jam rolas kliwat sepuluh menit bengi, nalika pesawatku muni. Suster Lisa saka ruang jaga ngandhakake ana pasien kritis mlebu. Ndak seleh majalah kanggo tamba ngantuk sing lagi ndak waca, gage aku tumuju ngarep.

Suster Lisa menehi keterangan ngenani pasien kang nembe mlebu iku. Aku ndeleng sedhela status pasien. Lan mirsa hasil gaweyane para perawat jaga.
“Badhe nglalu, Dokter.” Suster Lisa kumlesik ing cedhak kupingku.
“Sajakipun setres, Dok, wong mawi potas” bacute suster sing seneng crewet kuwi.
“Gek nembe bobot malih, Dok, hubungan gelap sajakipun” aku menthelengi Suster Lisa sing ndamil kuwi. Dheweke njur meneng karo lingak-linguk. Lagi wae aku mikir, ndadak ana sawenehing ibu tuwa nangis karo nyedhak takon :
“Kados pundi anak kula, Dok, punapa taksih saget ketulungan ?”, tangise ibu kuwi sinambi ngulapi luhe sing crocosan. Wangsulanku nglipur :
“Kula badhe mbudidaya, bu, mangga sesarengan yenyuwun mugi-mugi ingkang putra taksih pinaringan wilujeng”. Sauntara kuwi, pasien ana kamar ICU, kahanane kritis. Ndak sawang ibu tuwa iku ndremimil olehe ndedonga kanggo anake, nyuwun murih slamete.

Nalika aku mlebu ruang ICU, ndak deleng raine pasien sing mau biru iku, saiki wis rada abang. Lan jantunge uga wis normal mompa getih maneh.
Aku namatake raine pasien mau, kaya-kaya aku wis tau tepung. Ndak saut status pasien sing dicekel Suster Lisa, banjur ndak waca. Nama : “Bertin”, ndak bolan-baleni panyawangku, bener dheweke.

Aku nyoba ngipatake lelakon sedhih dhek jaman semana, nalika aku isih pacaran karo wong sing tak tresnani, ning dumadakan direbut dheweke. Weruh owah-owahan ing raiku, Suster Lisa takon :
“Punapa Dokter Katrin tepang kaliyan pasien punika ?”. Ora ndak wangsuli pitakone, mug aku mengo anteng nyawang suster sing seneng gosip kuwi. Dheweke meneng.

Aku mung bisa nggeget lambe, lan mbudidaya supaya tetep bisa ngadeg jejeg njaga wibawa pinangka sawijining dokter, aja nganti ambruk lan luluh ing sangareping anak buah mung merga kawiyak lelakon lawase sing bisa ngejlogake martabate.

Ndak serot ambegan dawa, ndak isi paru-paru ku nganggo hawa seger sak njabane ruang ICU, ndadekake dhadhaku krasa rada longgar.
Saben aku nyawang pasienku lan ndak bolan-baleni nyebut jenenge, pinggeting tatu isih jero nabet ing ati. Nang ngendi Bambang sing wis dadi bojone kok ora ngeterake? Bertin sing setengah mati merga arep nglalu gagal, njur apa sebabe kok nganti arep nglalu ?
Dokter Katrin, kados pundi anak kula ?” aku njola rada kaget. Ora nglegewa yen ing mburiku ana wanita tuwa ibune Bertin.
“Anak kula kados pundi, Dok ?” pitakone dibaleni.
“Kadosipun taksik saget ketulungan kok, Bu. Dhateng pundi Bambang ? Swaraku dhuwur semu sengol. Ibu tuwa kuwi nyawang aku sedhela njur mangsuli.
“Mboten ngertos, Dok, sapunika awis-awis mantuk kabaripun gandrung kaliyan pawestri nakal, mila anak kula lajeng badhe nganyut tuwuh punika.
“Punapa Dokter pirsa kaliyan Bambang mantu kula ?” wangsulanku mung manthuk. Mesthine Bertin ora tau crita karo ibune, yen entuke bojo iku grebut duweking liyan. Bambang iku biyen pacarku. Aku wurung kawin karo dheweke merga digodha Bertin sing wusana kelakon dadi bojone. Jebule saiki watake sing thukmis kumat meneh. Emane, Bertin dudu aku, sing kuwat ditinggal madon. Aku muji syukur ing jroning atiku.

Aku nyawang wanita tanpa daya sing mblujur ing ngarepku pinangka pasienku, atiku kandha, yen nyawane wanita iki sasat ing tanganku, ing regemanku. Aku pinangka dokter, bisa tumindak apa wae yen kepingin males laraning atiku, sing sejatine isih krasa perih lamun kesenggol. Nanging, apa yen aku males dheweke, bisa mbalekke kabagyanku ? Apa aku isih kepingin Bambang sing wis kianat iku bali ing tanganku ?
Oh ora … ora … babar pisan ora. Wis ben sing wis kelakon, pinangka dadi guru besar lan pengalaman, sing mesthi wae saya nggedhekke pengati-atiku. Aku bali nyawang monitor, kang mratelakake kondisine Bertin, ndak jingglengi ambegane wiwit tumata.

Aku pinangka dokter sing nangani dheweke, ing pojoking atiku ana rasa marem bisa nylametake pasien. Aku tansah ndedonga muga-muga Bertin bisa ngatasi masa kritis sing ateges bakal urip. Semono uga nalika dheweke digawa menyang bangsal aku tansah ngetutake. Suster Lisa sing bawel iku njejeri lakuku karo nanjih takon maneh.

“Ibu ini dulu teman dokter Katrin, ya ?” aku ngguyu nglegani pitakone. Mesthine suster iki bisa maca praupanku, lan gedhene kawigatenku marang pasienku sing cabar olehe arep nglalu iku.
Ing bangsal kahanane Bertin saya apik, saya normal ndadekake atine para perawat padha lega. Nalika sepisan ngelekake mripat, pas aku nunggoni ing sisihe. Sawise nliti raine para perawat rumangsa durung ana sing ditepungi, mula panyawange bali tumuju marang aku. Aku kaget nalika dheweke ora pangling nyawang aku lan ngundang jenengku :
“Mbak Katrin… eee dokter Katrin …, aku matur nuwun, dene panjenengan sing bisa nylametake aku…”
Aku mathuk, senajan krasa kaku aku nyoba mesem. Jroning batin esemku uga dadia obat lan sugesti kanggo si pasien sing mbutuhake banget semangat urip. Aku kumlesik lirih ing cedhak kupinge :
“Neng ngendi, mas Bambang bojomu, dhik ?” Krungu pitakon iku, lambene Bertin kedher, kanthi mripat sing murub kebak kanepson kandha :
“Bambang iku jebulane bangsat kok dokter, saiki minggat jare karo cah nakal, embuh neng ngendi, cilakane, aku ditinggali wiji sing isih neng kandhutan. Mula saking judhegku, sirku arep nglalu. Pangapuramu wae sing gedhe ya dokter, aku kilaf, aku ngandel karo rayuane, nganti tega aku ngrebut saka sliramu.” Bertin kaca-kaca mripate nelakke getune marang tumindake anggone wis nglarani atiku. Kanthi sareh aku mangsuli :
“Wis, dhik, rasah dipikir, dheweke pancen dudu jodhoku. Aku ditinggal njur ngrabi sliramu kae, aku malah njur konsentrasi karo pelajaranku. Wusana aku lulus, saiki bisa mbok sawang. Dhinesku ditugasake ana Rumah Sakit kene iki.” Aku nyoba nyritakke apa anane.

Krungu critaku, Bertin karo mingsek-mingsek nyekel tanganku diarasi sak katoge ndak jarke wae, ben marem ngetokke pangunek-uneg ing atine. Senajan biyen atiku krasa njarem, lara lan perih merga tumindake, ning aku ora bakal males. Balik tugasku pinangka Dokter, aku kudu tasah tetulung marang sapa wae, ora mbedak-mbedakake marang kabeh sing mbutuhake. Isih dumeling dhawuhe Simbahku sing wis nyuwargi : “Yen kowe digawe ala, walesen nanggo kebecikan, yen kowe disengit, digething, walesen kanthi tindak katresnan. Kowe bakal nampa kabagyan ing ati sing tanpa upama”. Ngono dhawuhe … iku mau kabeh bakal ndak estokake nganti tekan kapan wae.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar